Senin, 23 April 2012
Rabu, 11 April 2012
JAMAN EDAN,,,,,,Serat Jongko Joyoboyo
by Graha Swara Indah on Thursday, October 21, 2010 at 11:30pm ·
SERAT JONGKO JOYOBOYO
wong
jawa yen iso Netepi lan iso Nglakoni, opo jare tetembungan iki sing
bisa ngudari koyo rosone atine dhewe-dhwe,ndoyo sing isine mung
apus-apusan , Nindakake opo jare wong nbiyen ora susah.yen iso adoh
soko, sing saiki kedadenan tenan, koyo ila-ilane Jamane jaman edan sing
ora edan ora keduman......,Pancen amenangi jaman EDAN, sing ORA EDAN ora
KADUMAN.Sing WARAS padha NGGRAGAS, sing TANI padha DITALENI.Wong dora
padha ura-ura. Begjane sing eling lan waspada.Ratu ora netepi janji,
musna prabawane lan kuwandane.Akeh OMAH ing NDHUWUR KUDA. WONG MANGAN
WONG,kayu gilingan wesi padha doyan rinasa enak kaya roti bolu.Yen bakal
nemoni jaman:akeh janji ora ditetepi, wong nrajang sumpahe
dhewe.Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum
Allah.Bareng JAHAT diangkat-angkat, bareng SUCI dibenci.Akeh manungsa
ngutamakake reyal, lali sanak lali kadang.Akeh bapa lali anak, anak
nladhung biyunge.Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga,kanca dadi
mungsuh, manungsa lali asale.Rukun ratu ora adil, akeh pangkat sing
jahat jahil.Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama
ngapusi.Kelakuan padha ganjil-ganjil.Wegah makarya kapengin urip, yen
bengi padha ora bisa turu.Wong dagang barange saya laris, bandhane
ludhesAkeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.Akeh wong nyekel bandha
uripe sangsara.Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalangomah
gedhong magrong-magrong.Wong waras kang adil uripe nggragas lan
kapencil.Sing ora bisa maling padha digething.Sing pinter duraka padha
dadi kanca.Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah.Akeh
bandha muspra ora karuwan larine.Akeh pangkat drajat padha minggat ora
karuwan sababe.Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi.Wong
wadon nganggo panganggo lanang.Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa
napsu, ngumbar angkara murka, nggedhekake duraka.Wong apik ditampik,
wong jahat munggah pangkat.Wong agung kesinggung, wong ala
pinuja-puja.Wong wadon ilang kawanitane, wong lanang ilang
kaprawirane.Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya,laku sedheng
bubrah jare gagah.Akeh biyung adol anak, akeh wanita adol awak.Bojo
ijol-ijolan jare jempolan.Wong wadon nunggang jaran, wong lanang numpang
slendhang pelangi.Randha loro, prawan saaga lima.Akeh wong adol ngelmu.
Akeh wong ngaku-aku,njaba putih njerone dhadhu.Ngakune suci, sucine
palsu. Akeh bujuk.Wektu iku dhandhang diunekake kuntul.Wong salah
dianggep bener, pengkhianat nikmat,durjana saya sampurna.Wong lugu
keblenggu, wong mulya dikunjara,sing curang garang, sing jujur
kojur.Wong dagang keplanggrang, wong judhi ndadi.Akeh barang kharam,
akeh anak-anak kharam.Prawan cilik padha nyidham. Wanita nglanggar
priya.Isih bayi padha mbayi. Sing priya padha ngasorake drajate
dhewe.Wong golek pangan kaya gabah den interi.Sing klebat kliwat, sing
kasep keplesed.Sing gedhe rame tanpa gawe, sing cilik kecelik.Sing
anggak kalenggak.Sing wedi padha mati, nanging sing ngawur padha
makmur,sing ngati-ati sambate kepati-pati.Cina olang-aling kepenthung
dibandhem blendhung,melu Jawa sing padha eling.Sing ora eling padha
milang-miling, mloya-mlayu kaya maling, tudang-tuding.Mangro tingal
padha digething. Eling, ayo mulih padha manjingAkeh wong ijir, akeh wong
cethil.Sing eman-eman ora kaduman, sing kaduman ora aman.Selot-selote
besuk ngancik tutupe taun, dewa mbrastha malaning rat,bakal ana dewa
angejawantah, apangawak manungsa.Apasuryan padha Bathara Kresna.
Awewatak Baladewa.Agegaman trisula wedha. Jinejer wolak-waliking
jaman,wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar.Utang nyawa nyaur nyawa,
utang wirang nyaur wirang.Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh
tanpa rupa.Bala prewangan, makhluk alus padha baris, padha rebut bebener
garis.Tan kasat mata tanpa rupa, sing mandhegani putra Bathara
Indra,agegaman trisula wedha. Momongane padha dadi nayakaning
prang,perange tanpa bala, sekti mandraguna tanpa aji-aji.Sadurunge teka
ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,tumanja ana kidul sisih
wetan bener, lawase pitung bengi.Parak esuk banter, ilange katut Bthara
Surya,jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur. Prihatine kawula
kelantur-lantur.Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa lagi tumeka
ing ngarcapada, ambiyantu wong Jawa.Dununge ana sikile redi Lawu sisih
wetan.Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca, arupa gupon dara tundha
tiga.Kaya manungsa asring angleledha, apeparab Pangeraning Prang,tan
pakra anggone anyenyandhang, nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong
sapirang-pirang.Sing padha nyembah reca ndhaplang, cina eling,
Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang.Putra kinasih swarga Sunan
Lawu, ya Kyai Brajamusthi,ya Kresna, ya Herumurti, mumpuni sakehing
laku,nugel tanah Jawa kaping pindho.Ngerehake sakabehing para jim,
setan, kumara, prewangan.Para lelembut kabawah prentah saeka praya kinen
abebantu manungsa Jawa.Padha asenjata trisula wedha, kadherekake
Sabdopalon Nayagenggong.Pendhak Suro nguntapake kumara, kumara kang wus
katam nebus dosanira,kaadhepake ngarsane kang Kuwasa. Isih timur kaceluk
wong tuwa,pangiride Gathutkaca sayuta. Idune idu geni, sabdane malati,
sing bregudul mesthi mati.Ora tuwa ora enom, semono uga bayu wong ora
ndayani.Nyuwun apa bae mesthi sembada, garise sabda ora gantalan
dina.Begja-begjane sing yakin lan setya sabdanira.Yen karsa sinuyutan
wong satanah Jawa, nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa.Bisa
nyumurupi laire embahira, buyutira, canggahira, pindha lair bareng
sadina.Ora bisa diapusi amarga bisa maca ati.Wasis wegig waskitha ngreti
sadurunge winarah,bisa priksa embah-embahira, ngawuningani jaman tanah
Jawa.Ngreti garise siji-sijining umat, tan kalepyan sumuruping
gegaman.Mula den udia satriya iki, wus tan bapa tan bibi,lola wus aputus
wedha Jawa. Mula ngendelake trisula wedha,landhepe trisula : pucuk
arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa.Sing tengah sirik
agawe kapitunaning liyan,sing pinggir tulak talak colong jupuk
winaleran.Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku.Senenge anyenyoba,
aja kaina-ina.Begja-begjane sing dipundhut,ateges jantrane kaemong sira
sabrayat.Ingarsa begawan wong dudu pandhita. Sinebut pandhita dudu
dewa.Sinebut dewa kaya manungsa, kinen kaanggep manungsa sing seje
daya.Tan ana pitakonan binalekake, tan ana jantra binalekake.Kabeh
kajarwakake nganti jlentreh, gawang-gawang terang ndrandang.Aja gumun
aja ngungun, yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun, tur isih kuwasa
nundhung setan. Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh.Ya siji
iki kang bisa njarwakake utawa paring pituduh jangka kalaningsun.Tan
kena den apusi amarga bisa manjing jroning ati.Ana manungsa kaiden
katemu, uga ora ana jaman sing durung kalamangsane.Aja serik aja gela
iku dudu waktunira, ngangsua sumur ratu tanpa makutha.Mula sing amenangi
gek enggala den luru, aja nganti jaman kandhas.Madhepa den
amarikelu.Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada, ing
jaman Kalabendu nyawa.Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa,
dewa apangawak manungsa.Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes
sabraja dlama kumara.Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita
asenjata trisula wedha.Iku paringe dewa. Ngluruge tanpa wadyabala.Yen
menang datan ngasorake liyan. Para kawula padha suka-sukaamarga adiling
Pangeran wus teka.Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha,yaiku
momongane Kaki sabdopalon sing wus adus wirang.ki kabeh opo sing diserat
Jongko Joyoboyo....,
Asthabrata Falsafah Wayang
Adakah Pemimpin Kita yang Punya ASTHABRATA
by Graha Swara Indah on Saturday, November 6, 2010 at 10:46am ·
Asthabrata
Falsafah Wayang
Berasal dari kata Asto atau Hasto yang artinya delapan, kemudian Baroto
yang artinya laku atau perbuatan. Jadi ASTHA BRATA atau Hasto Broto
berati delapan laku atau delapan perbuatan. ASTHA BRATA terdapat dalam
Sarga XXIV dari wejangan Ramayana kepada Gunawan Wibisono, juga Sri
Kresna kepada Arjuna. Diterangkan bahwa seseorang yang ditakdirkan untuk
menjadi pemimpin atau raja adalah dalam jiwanya terdapat delapan macam
sifat kedewasaan atau delapan macam watak-watak delapan dewa. Kewajiban
seorang pemimpin harus selalu mencerminkan sifat dan sikap:
1. Dewa Surya atau Watak MatahariMenghisap air dengan sifat panas
secara perlahan serta memberi sarana hidup. Pemimpin harus selalu
mencerminkan sifat dan sikap semangat kehidupan dan energi untuk
mencapai tujuan dengan didasari pikiran yang matang dan teliti serta
pertimbangan baik buruknya juga kesabaran dan kehati-hatian.
2. Dewa Chandra atau Watak BulanYang memberi kesenangan dan penerangan
dengan sinarnya yang lembut. Seorang pemimpin bertindak halus dengan
penuh kasih sayang dengan tidak meninggalkan kedewasaannya.
3. Dewa Yama atau Watak BintangYang indah dan terang sebagai perhiasan
dan yang menjadi pedoman dan bertanggung jawab atas keamanan anak buah,
wilayah kekuasaannya.
4. Dewa Bayu atau Watak
AnginYang mengisi tiap ruang kosong. Pemimpin mengetahui dan menanggapi
keadaan negeri dan seluruh rakyat secara teliti.
5.
Dewa Indra atau Watak MendungYang menakutkan (berwibawa) tetapi kemudian
memberikan manfaat dan menghidupkan, maka pemimpin harus berwibawa
murah hati dan dalam tindakannya bermanfaat bagi anak buahnya.
6. Dewa Agni atau Watak ApiYang mempunyai sifat tegak, dapat membakar
dan membinasakan lawan. Pemimpin harus berani dan tegas serta adil,
mempunyai prinsip sendiri, tegak dengan berpijak pada kebenaran dan
kesucian hati.
7. Dewa Baruna atau Watak
SamudraSebagai simbol kekuatan yang mengikat. Pemimpin harus mampu
menggunakan kekuatan dan kekuasaannya untuk menjaga keseluruhan dan
keutuhan rakyat serta melindungi rakyat dari segala kekuatan lain yang
mengganggu ketentraman dan keamanan secara luas dan merata.
8. Dewa Kuwera atau Watak Kekayaan atau Watak BumiYang sentosa, makmur
dengan kesucian rohani dan jasmani. Pemimpin harus mampu mengendalikan
dirinya karena harus memperhatikan rakyat, yang memerlukan bantuan yang
mencerminkan sentosa budi pekertinya dan kejujuran terhadap kenyataan
yang ada.
Sumber Penulisan : BUKU WYATA PRAJA, STPDN untuk Angkatan XIII Tahun 2005.
10 Filosofi Orang Jawa
10 Filosofi Hidup orang Jawa (dari berbagai sumber)
1. Urip Iku Urup (Hidup itu Nyala, Hidup itu hendaknya memberi manfaat
bagi orang lain disekitar kita, semakin besar manfaat yang bisa kita
berikan tentu akan lebih baik, tapi sekecil apapun manfaat yang dapat
kita berikan, jangan sampai kita menjadi orang yang meresahkan
masyarakat).
2. Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Hangkara (Manusia hidup
di dunia harus mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan;
serta memberantas sifat angkara murka, serakah dan tamak).
3.
Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti (segala sifat keras hati,
picik, angkara murka, hanya bisa dikalahkan dengan sikap bijak, lembut
hati dan sabar)
4. Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake,
Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha (Berjuang tanpa perlu membawa
massa; Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan; Berwibawa tanpa
mengandalkan kekuasaan, kekuatan; kekayaan atau keturunan; Kaya tanpa
didasari kebendaan)
5. Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah
Lamun Kelangan (Jangan gampang sakit hati manakala musibah menimpa diri;
Jangan sedih manakala kehilangan sesuatu).
6. Aja Gumunan, Aja
Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman (Jangan mudah terheran-heran; Jangan
mudah menyesal; Jangan mudah terkejut-kejut; Jangan mudah kolokan atau
manja).
7. Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan
Kemareman (Janganlah terobsesi atau terkungkung oleh keinginan untuk
memperoleh kedudukan, kebendaan dan kepuasan duniawi).
8. Aja
Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka (Jangan merasa paling
pandai agar tidak salah arah;Jangan suka berbuat curang agar tidak
celaka).
9. Aja Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak
Kendo (Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, cantik, indah;
Jangan berfikir mendua agar tidak kendor niat dan kendor semangat).
10. Aja Adigang, Adigung, Adiguna (Jangan sok kuasa, sok besar, sok sakti).
Langganan:
Postingan (Atom)